Ikha Karo Ipah

Senin, 30 Maret 2026 | 09.18
Ilutrasi dua perempuan berboncengan motor melintas di jalan Kota Tegal sambil berbincang, di tengah ramainya parkir kendaraan di trotoar.
Ilutrasi dua perempuan berboncengan motor melintas di jalan Kota Tegal sambil berbincang, di tengah ramainya parkir kendaraan di trotoar.

Cerita lucu Ikha lan Ipah, sedulur perek sing sabendina boncengan motor mubeng Kota Tegal. Saka parkir liar nganti kejadian ketinggalan sing gawe ngakak.

Daning : Maufur

IKHA karo Ipah kye sadulur perek, umahe tetangganan, tur ndilalah wong loro nyambet gawene sekantor. Dadi mangkat lan balik saka kantor sering bareng, boncengan numpak motor.

Angger boncengan motor, Ikha sing mbonceng, Ipah sing nyetir, merga Ikha kye ora bisa nyetir motor, tapineng bisa nyetir mobil. Wong loro kye angger boncengan numpak motor, mubeng-mubeng ning Kota Tegal seringe ngrometi apa bae sing dideleng sadalan-dalan.

Jare Ipah maring Ikha, “aku eram tegal is, ning endi-endi ka ana tukang parkir. Panggonan sing mbangun dudu pemerintah bae di jaluki duit parkir”. Ikha-ne nyemauri melu-melu sewot, “iya, enyong bae ora mung eram tok, kadang-kaadang kaget.

Baca Juga: DPRD Pemalang Ingatkan Jangan Ada Jual Beli Pengisian Jabatan Sekda

Lah wong kayonge mauneng laka tukang parkir, barang pan balik ujug-ujug t nongol. Padahal enyong pan foto kopi tok. Foto kopine mung limang atus, mbayar parkire sewu”. Jare Ipahe nambahi, “kuwe esih mending, lzh enyong foto kopine ora sida, eh parkire tetep mbayar”.

Dina selasa pahing wong loro bubar kantor maring pasar pagi. Embuh pan belanja apa. Barang liwat jalan Ahmad Yani, Ikha sing boncengan ngutik Ipah sing lagi nyetir, terus nuding karo ngomong, “kae deleng, iloken motor pada parkire ning trotoar.

Angger kaya kuwe wong sing mlaku ya pada kangelan owh”. Jare Ipah, “kae ndean sing mbayare dobel, dadi olih parkir ning duwur”. Ikha langsung nyegat omongan. “Jare sapa. Kae malah sing ora mbayar. Soale kae motorr ndekene sing duwe toko, utawa pelayane”.

Baca Juga: Pemerintah Akan Perbaiki 3 Bendung di Brebes Selatan, Petani Sumringah

Balik sing pasar pagi wong loro lewate mablik maning, terus mbelok jalan Kartini. Ning pertigan Mall Dedi Jaya, Ikha sewot maning.

Halaman 1 dari 3

Artikel Terkait