Dinar Wisanggeni

Kisah asal-usul GOR Wisanggeni Tegal. Awalnya bernama GOR Tegal saat diresmikan 1988, namun sehari kemudian diganti mengikuti nama Jalan Wisanggeni dan tokoh wayang.
Daning : Yono Daryono
GEMIYEN segurunge Gedong Olang Raga atawa GOR, darani Wisanggeni, arane GOR Tegal. Gubernur Jawa Tengah wektu semana taun 1988 Bapak HM. Ismail sing ngresmikna nang pidatone kocape nakokna, bisane arane GOR Tegal. Kiye gedong ana nang dalan Wisanggeni, apike tah darani GOR Wisanggeni.
Krungu pidato Gubernur kaya kuwe Walikota Tegal sing wektu samono Bapak Samsuri Mastur blingsatan toli ngomong-ngomongan dewek karo Bapak Sukamto Kepala P dan K wektu samono sing intine GOR Tegal arane kudu diganti GOR Wisanggeni.
Dadi aran GOR Tegal umure mung sedina wektu peresmian tok ngesuke diganti GOR Wisanggeni nganti saiki.
Baca Juga: Jembatan Gantung Sangkanjaya Tegal Ditutup, Pondasi Ambrol dan Lantai Bolong
Darani Wisanggeni kejaba manggon nang dalan Wisanggeni jarene Bapak Ismail, luwih sreg nganggo aran wayang sing maknane racun geni, toli sakti madraguna.
Wisanggeni kuwe Wong Edan tapiken dudu edan sing sebenere edan. Wong Edan sing netepna bener ya bener, kudu bener.
Sering ora preduli kahanan lan karo sapa bae sing lagi diadepi. Wong Edan sing ora duwe wedi, malahan Edane Wisanggeni ndadekna dewa-dewa pada wedi karo omongane. Sing kaya kuwe memper karo wateke Wong Tegal.
Selugune mbang lore GOR Wisanggeni kuwe disiapna nggo gedung kesenian. Jare Bapak Masturi Mastur komplek GOR Wisanggeni ana panggonan nggo olah raga ana panggonan nggo olah rasa.
Baca Juga: Pembukaan Formasi CASN 2026 Pemprov Jateng, Sekda Tegaskan Masih Lakukan Kajian


